Jumat, 31 Oktober 2014

maknane entut


*”MAKNANE ENTUT BOSO JOWO"*


Coba deloken, kowe klebu wong opo? 

1. Wong sing ORA JUJUR.
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo. 

2. Wong GOBLOG.
Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman.

3. Wong sing
  JEMBAR WAWASAN-e
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut. 

4. Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso
ngentut. 

5. Wong sing “MISTERIUS
Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing
ngerti. 

6. Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi
ngentut. 

7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi. 

8. Wong KEJEM (sadis)
Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske
seprei-ne nang ambene
koncone. 

9. Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut ora muni ning terus
rumongso isin. 

10. Wong sing STRATEGIS
Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu
cekakakan. 

11. Wong sing BODHO.
Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan
dienggo ngganti entute sing
metu. 

12. Wong CETHIL.
Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut
diencret thithik-thithik) . 

13. Wong SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe. 

14. Wong RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo. 

15. Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
Wong sing nek ngentut ndhelik. 

16. Wong “AKUATIK” (iki boso jowone opo yo?
tulung Jad terjemahno)
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-
e muni
“blekuthuk-blekuthu k”. 

17. Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden. 

18. Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek bar ngentut. 

19. Wong PINTER
Wong sing niteni ambune entut tonggone. 

20. Wong SIAL
Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE. 


"MEKATEN KEMAWON MUGI TANSAH PINARINGAN SEHAT KUWARASAN AAMIIN"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar